Kamis, 13 September 2012

Sesorah Ketua Pelaksana HUT RI


Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatuh
Bapak Kepala sekolah  ingkang pantes sinudarsana
Bapak, Ibu guru ugi staf karyawan ingkang dhahat kinabekten       
Para rawuh  ingkang tansah raos bagya
Saha kanca-kancaku ingkang kula tresnani

Sak derengipun kula matur dhumateng ngarsa panjenengan sedaya manggah kita sesarengan   ngraosaken  puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Alloh ingkang sampun paring kanikmatan, karohmatan  dhumateng kita sedaya sahenggo wonten enjang punika kita saged makempal manunggal hangrawuhi adicara ambal warsa republik Indonesia kaping 67 tahun. Sholawat soho salam mugi tansah katetepaken Allah SWT dhumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita sedaya wantu-wantu syafa’atipun benjang wonten ing yaumul qiyamah, allohuma amin!


 Matur nuwun kula aturaken dhumateng pranata acara ingkang sampun paring wekdal dhumateng kula. Ing saklanjengipun kula matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya, ing  wekdal punika, kula ngambali matur ngaturaken wilujeng awit kepareng rawuh panjenengan sedaya, ingkang sampun kepareng rawuh ing adicara mengeti  ambal warsa republik Indonesia punika. Kula ugi matur nuwun dhumateng panitia pelaksana adicara punika, ingkang sampun nyambut damel kangge kelaksanaane adicara punika.
Para rawuh sedaya,
Kita kedhah emut menawi tanggal 17 agustus punika  bangsa Indonesia kedhah mengeti dinten kemerdekaan negari kita. 67 tahun kepengker, para pahlawan sampun memperjuangaken  kemerdekaan  kangge  negeri punika.
Para rawuh ingkang kula kurmati,
 Kita kedhah nyonto  para pahlawan ingkang sampun berjuang, rela berkorban.  Kita, para pemuda sejatosipun kedhah langkung ningkataken  semangati pasinaunan. Menawi yen bangsa kita pinter kita mboten malih dijajah saking kemiskinan ugi kebodoan. Kita mboten pareng   patah semangat. Kita sedaya kedhah berjuang supados  Indonesia  saged dados negari maju.
Mugi-mugi kemawon adicara punika saged kelaksanan lancar.        
Mekaten atur kulo mbok bilih anggen kulo matur kathah klenta-klentuning atur, kirang subasita  kulo nuwun sih agunging samudra pangaksami dhumateng panjenenganipun.

  Wassalamu’alaikum warahmatullohi wabarokatuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar